Sabtu, 15 April 2017

KELANGAN IMPEN

Impenku wingi dadi uwong
sugih bandha sugih donya
nyandhing wanita
duwe putra
duwe panguwasa

Impenku saiki dadi kanyatan
sugih bandha donya
nyandhing wanita
duwe putra
duwe panguwasa

Impenku sesuk
kabul kabeh panjangkaku
nanging nyatane
aku mung bisa manut
ilining banyu kahanan
apa wae
manut
ora suwala
manut garising pepesthen.

Sawahjepit,  15 April 2017

Jumat, 14 April 2017

AKU MUNG MANUT

Sanajan awan dadi wengi
Esok dadi sore
Srengenge jumedhul saka kulon
Rembulan ambyar dadi lintang
Aku ora suwala

Utawa saupama
Langit ora ing dhuwur
Bumi kuwalik
Aku tetep ora bangga..

Aku mung manut
Kaya wayang upamane
Manut pak dhalang sing nglakoke wayahe digelar ing kelir
Mlebu kothak peteng
amung ana panguwasaNe.

Aku mung manut
Ubenge urip iki
Gusti kang pasthi
Aku nyawiji

Sawahjepit,  13 April 2017


Senin, 23 April 2012

Serat Kalatidha

Mangga sinau serat Kalatidha. Punika kapethik wutuh saking Wikisource.org
Serat Kalatidha yaiku karangane Rangga Warsita. Tembang iki tembang Jawa sing penting dewe.
Serat Kalatidha iku sawijining tembang anggitané Ranggawarsita. Isiné perkara pasambatané yèn ing jaman samono wong kudu mèlu-mèlu perkara sing kalebu ala supaya bisa 'maju'. Tembang macapat iki kabèh ing pupuh Sinom lan ana 12 pada gunggungé. Karya sastra iki ditulis kurang luwih taun 1860 Masehi. Kalatidha kuwi salah siji karya sastra Jawa kang kawentar. Malah nganti saiki isih akèh wong Jawa, utamané kalangan tuwa kang isih apal paling ora siji pada syair iki, yakuwi pada kapitu.
Latar wuri
Kalatidha kuwi dudu karya Rangga Warsita kang paling dawa. Syair iki mung ana 12 jroning metrum Sinom. Kala tidha sacara harafiah tegesé "jaman édan", kaya kang ditulis déning Rangga Warsita dhéwé. Kocap kacarita, Rangga Warsita nulis syair iki nalika pangkaté ora diundhakaké kaya kang dikarepaké. Banjur panjenengané gawé generalisasi saka kahanan iki, lan nganggep sacara umum yèn jaman nalika semana minangka jaman édan lan krisis. Wektu kuwi Rangga Warsita minangka pujangga karajan ing Kraton Kasunanan Surakarta. Panjenengané kuwi pujangga panutup utawa "pujangga pungkasan", awit sawisé kuwi ora ana "pujangga karajan" manèh.
Makna
Syair Kalatidha bisa dipérang dadi telung bagéan, yakuwi: bagéan kapisan arupa pada 1 nganti 6, bagéan kaloro arupa pada 7, lan bagéan katelu arupa pada 8 nganti 12. Pérangan pisanan yakuwi mangsa kang miturut Rangga Warsita arupa kahanan tanpa prinsip. Pérangan kaloro isiné katekadan lan mawas dhiri. Pérangan katelu isiné sikap kang taat marang agama jroning masarakat.
Sinom
1.
  • Mangkya darajating praja
  • Kawuryan wus sunyaturi
  • Rurah pangrehing ukara
  • Karana tanpa palupi
  • Atilar silastuti
  • Sujana sarjana kelu
  • Kalulun kala tidha
  • Tidhem tandhaning dumadi
  • Ardayengrat dene karoban rubeda
2.
  • Ratune ratu utama
  • Patihe patih linuwih
  • Pra nayaka tyas raharja
  • Panekare becik-becik
  • Parane dene tan dadi
  • Paliyasing Kala Bendu
  • Mandar mangkin andadra
  • Rubeda angrebedi
  • Beda-beda ardaning wong saknegara
3.
  • Katetangi tangisira
  • Sira sang paramengkawi
  • Kawileting tyas duhkita
  • Katamen ing ren wirangi
  • Dening upaya sandi
  • Sumaruna angrawung
  • Mangimur manuhara
  • Met pamrih melik pakolih
  • Temah suka ing karsa tanpa wiweka
4.
  • Dasar karoban pawarta
  • Bebaratun ujar lamis
  • Pinudya dadya pangarsa
  • Wekasan malah kawuri
  • Yan pinikir sayekti
  • Mundhak apa aneng ngayun
  • Andhedher kaluputan
  • Siniraman banyu lali
  • Lamun tuwuh dadi kekembanging beka
5.
  • Ujaring panitisastra
  • Awewarah asung peling
  • Ing jaman keneng musibat
  • Wong ambeg jatmika kontit
  • Mengkono yen niteni
  • Pedah apa amituhu
  • Pawarta lolawara
  • Mundhuk angreranta ati
  • Angurbaya angiket cariteng kuna
6.
  • Keni kinarta darsana
  • Panglimbang ala lan becik
  • Sayekti akeh kewala
  • Lelakon kang dadi tamsil
  • Masalahing ngaurip
  • Wahaninira tinemu
  • Temahan anarima
  • Mupus pepesthening takdir
  • Puluh-Puluh anglakoni kaelokan
7.
  • Amenangi jaman edan
  • Ewuh aya ing pambudi
  • Milu edan nora tahan
  • Yen tan milu anglakoni
  • Boya kaduman melik
  • Kaliren wekasanipun
  • Ndilalah karsa Allah
  • Begja-begjane kang lali
  • Luwih begja kang eling lawan waspada
8.
  • Semono iku bebasan
  • Padu-padune kepengin
  • Enggih mekoten man Doblang
  • Bener ingkang angarani
  • Nanging sajroning batin
  • Sejatine nyamut-nyamut
  • Wis tuwa arep apa
  • Muhung mahas ing asepi
  • Supayantuk pangaksamaning Hyang Suksma
9.
  • Beda lan kang wus santosa
  • Kinarilah ing Hyang Widhi
  • Satiba malanganeya
  • Tan susah ngupaya kasil
  • Saking mangunah prapti
  • Pangeran paring pitulung
  • Marga samaning titah
  • Rupa sabarang pakolih
  • Parandene maksih taberi ikhtiyar
10.
  • Sakadaré linakonan
  • Mung tumindak mara ati
  • Angger tan dadi prakara
  • Karana riwayat muni
  • Ikhtiyar iku yekti
  • Pamilihing reh rahayu
  • Sinambi budidaya
  • Kanthi awas lawan eling
  • Kanti kaesthi antuka parmaning Suksma
11.
  • Ya Allah ya Rasulullah
  • Kang sipat murah lan asih
  • Mugi-mugi aparinga
  • Pitulung ingkang martani
  • Ing alam awal akir
  • Dumununging gesang ulun
  • Mangkya sampun awredha
  • Ing wekasan kadi pundi
  • Mula mugi wontena pitulung Tuwan
12.
  • Sageda sabar santosa
  • Mati sajroning ngaurip
  • Kalis ing reh aruraha
  • Murka angkara sumingkir
  • Tarlen meleng malat sih
  • Sanityaseng tyas mematuh
  • Badharing sapudhendha
  • Antuk mayar sawetawis
  • Borong angga sawarga mèsi 
Sumber :  http://wikisource.org/wiki/Jv/Serat_Kalatidha

Sabtu, 21 April 2012

Ontang-anting

      
Wayah esuk jagone kluruk. Jam ing tembok wis nuduhake angka lima. Surati enggal njenggirat sajak kesusu kaya selak ana sing digarap.
          "Aduh, kerinan aku...!" tembunge Surati lirih sinambi nglempiti kemul ditata ing pinggiring peturon.
Sedhela sawise tangi dheweke enggal menyang mburi njupuk banyu kanggo wudlu. Ora let suwe banjur sholat subuh. Bareng wis rampung anggone sholat enggal nata dagangan diunggahake ing motor. Gawan dagangan sing ditata mau banjur dikencang nganggo tampar sing wis dicawisake ing sepedhane.
           " Buk.. ibuk..! " pangundange anake sing mara nyeraki Surati.
           " Ana apa ta Lin? " wangsulane Surati marang anake sing dijenengi Lintang.
           " Ibu, ora ngenteni Bapak bali, Bu? " pitakone Lintang marang ibune.
Sing ditakoni ora njawab mung nggelengake sirahe.
           " Lha ngapa ta Bu? Kan Bapak dina iki bakal bali ta, Bu? " pitakone Lintang nlesih.
           " Ora papa Lin, Ibu mung selak kesusu wae. Ora perlu ngenteni bapakmu!" semaure Surati .
           " Lho, biasane ibu rak mesthi ngenteni Bapak ta? pitakone Lintang meneh.
           " Ora! saiki ra prelu ibu ngenteni bapakmu Lintang. Wis ibu mangkat. Mangsa borong mengko yen bapakmu teka.. " semaure ibune rada sero sinambi nggenjot sepedha motore.
           Ngerti ibune age-age lunga Lintang wis ora wani takon maneh. Amung dheweke dadi rada bingung, geneya ibune kok kaya ora kaya adate. Biasane mesthi ngenteni bapakne bali saka kerja sakdurunge lunga menyang pasar. Ya pancen sanadyan mung sedhela mesthingenteni baline bapake Lintang sing bali seka jaga malem ing salah sawijine bank ing kutha kecamatan. Maklum pakaryane dadi petugas jaga malam dadi saben bengi mesthi ora tau turu ngomah, lan bali mulih yen wis wayahe parak esuk kepara nganti jam pitu tekane jam wolu ngenti bapak-bapak pegawai bank yen wis padha rawuh.
        Ora let suwe udakara jam eneman, bapake Lintang teka. Praupane rada ora semringah. rambute acak-acakan. Mlebu ngomah anjur nakoni Lintang.
      " Ibumu wis mangkat pa Lin? " pitakone marang Lintang.
      " Empun, Pak. Nembe mawon. " wangsulane Lintang cekak.
Tanpa nerusake pitakone, bapake Lintang banjur tumuju ing mburi. Sarunge sing kawit mau di cangklongake ing pndhake banjur disampirake ing tampar. sedhela banjur mlebu kamar. Lintang sing meruhi bapake kaya ngono iku ora nggape piye-piye. Dheweke terus tata-tata buku arep mangkat sekolah. Lintang iku lagi kelas loro SMP. Nanging dheweke kadhang wis duwe pamikiran kang dewasa. Ora seneng melu campur tangan urusane wong tuwane yen lagi rada ora kepenak disawang. Dheweke rumangsa ora perlu melu-melu urusane wong tuwa yen katone lagi padha pasulayan. Sing baku katresnane marang wong tuwane sakloron ora suda marang dheweke. Semono uga wong tuwane Lintang sajak uga mangerteni kekarepane Lintang. jalaran Lintang iku anak siji-sijine sing bakal dadi penyambung sejarh uripe. Mula meh kabeh apa sing dikarepake Lintang prasasat didurut karo wong tuwane. Nanging mungguhing Lintang, urip tanpa tunggal sedulur ora saben dina nyenengake. Mung wae dheweke bisa nyimpen rasa ora senenge marang kahanan kang diadhepi.
        Jam setengah pitu Lintang mangkat sekolah. Sadurunge dheweke sarapan saperlune wae. Ing kamar bapake durung metu-metu.
       "Pak, Lintang mangkat sekolah pak?"
       "Ya, ngati-ati ya Lin! " semaure bapake Lintang saka njero kamar.
Lintang age-age mangkat sekolah.  Tas werna abang enom disaut dicangklongake ing pundhake, banjur nggenjot pit minine mlayu mangkat sekolah.
       Ing sekolahan kanca-kancane Lintang wis akeh sing padha teka. Dheweke padha tata-tata mlebu kelas jalaran wis meh dilekasi pelajaran. Bel sekolahan nyuwara sero ngundang bocah-ocah supaya enggal age mlebu. Kaya lumrahe wong sekolah kabeh kegiatan rutin enggal kawiwitan. Guru-guru uga enggal padha mlebu kelas saperlu menehi piwulang marang murid-muride. Katon ing saben kelas wis siaga pelajaran. Ora let suwe katon keprungu swarane guru lagi padha nerangake pelajaran. Lintang sakancane padha katon tenanan anggone nggatekake. Jalaran ing wayah esuk ngene pelajaran sing diwulangake klebu pelajaran sing dianggep abot. Kayata matematika. Wektu iku kelase Lintang uga lagi pelajaran matematika.
        Sauntara anggone sinau Lintang ing kelas, dumadakan salah sijine gurune Lintang ngethok lawang. Bu Darti asmane. Pak Rujito guru matematikane Lintang katon ngendikan karo bu Darti.
          " E... Lintang, dimintang ke kantor sebentar ada yang ingin bertemu.! ngedikane Pak Rujito.
          " Baik, Pak." Lintang sumaur cekak.
Ing atine Lintang tuwuh rasa pitakon, ana apa kok nganti dheweke didhawuhi menyang kantor. Lintang age tumuju kantor di tutake Bu Darti. Ing kantor katon sepi, sing ana mung para TU lagi padha megawean administrasi sekolah.
          " Lintang, mrenea! " pangundange pawongan saka ruang tamu kantor.
Lintang sajak kaget. Banjur nyedhaki pawongan mau.
         " Oh, njenengan, ta Pak Lik. Wonten punapa? " pitakone Lintang.
         "Kene, lungguha sik. Ana kabar penting sing kudu tak tekanke kowe." semaure wong mau.
Lintang mung manut wae banjur lungguh ing sak ngarepe wong iku.
        " Iki aku sak derma ngomongi kowe. Sing sabar ya kowe..," piwelinge wong iku.
        " Inggih, Lik. Wonten menapa ta? Kok kados.. ., " Lintang ra nerusake guneme.
        " Ibumu. Lin, saiki neng rumah sakit. Enggala kowe nusul mrana," wong iku ngandhani Lintang kanthi sareh.
         " Enten napa ta Lik? Kok ibu ten rumah sakit? " pitakone Lintang karo nggeget lambene sajak kuwatir.
         " Wis ayo tak terke mrana langsung wae. Ibumu mau kecelakaan!" semaure wong iku.
         " Kecelakaan... " suwarane Lintang lirih.
Wong iku manthuke sirahe. Lintang kaget banget. Mripate kaca-kaca katon arep nyuntakake luhe. Dheweke banjur enggal nyuwun pamit marang bapak ibu guru ing sekolahan. Banjur menyang rumah sakit diterake pawongan mau..... ( bersambung )
 

Rabu, 18 April 2012

Sekolah

Pocung

Tangi esuk uthuk-uthuk isih ngantuk
gregah tata-tata
adus sarapan gra nuli
nyangking buku lunga sekolah mruputa

Aja luput garapan kudu diemut
becik den apalna
pelajaran kanthi becik
dimen wasis kabeh ilmu sarwa bisa

Kudu nggugu dhawuhe bapak gurumu
kabeh den gatekna
sinaune sing taberi
tegese taberi iku sing sregepa

Yen wis rampung sekolah aja mung bingung
enggal balenana
pelajaran sing kok udi
ora lali yen didangu liya dina