Sabtu, 15 April 2017

KELANGAN IMPEN

Impenku wingi dadi uwong
sugih bandha sugih donya
nyandhing wanita
duwe putra
duwe panguwasa

Impenku saiki dadi kanyatan
sugih bandha donya
nyandhing wanita
duwe putra
duwe panguwasa

Impenku sesuk
kabul kabeh panjangkaku
nanging nyatane
aku mung bisa manut
ilining banyu kahanan
apa wae
manut
ora suwala
manut garising pepesthen.

Sawahjepit,  15 April 2017

Jumat, 14 April 2017

AKU MUNG MANUT

Sanajan awan dadi wengi
Esok dadi sore
Srengenge jumedhul saka kulon
Rembulan ambyar dadi lintang
Aku ora suwala

Utawa saupama
Langit ora ing dhuwur
Bumi kuwalik
Aku tetep ora bangga..

Aku mung manut
Kaya wayang upamane
Manut pak dhalang sing nglakoke wayahe digelar ing kelir
Mlebu kothak peteng
amung ana panguwasaNe.

Aku mung manut
Ubenge urip iki
Gusti kang pasthi
Aku nyawiji

Sawahjepit,  13 April 2017